Senin, 23 Maret 2020

Cerkak Bahasa Jawa "Lucu dan Mudah Dipahami"

Bu Tiwi kang Anggiduhi


Kira-kira jam enem esuk srengenge wes katon ketingal dening omahe Bu Tiwi. Bu Tiwi banjur cepak-cepak anggone masak amarga anak lan garwane uwes nunggoni ing meja. Dina iki dina Minggu mula Pak Kijan, garwane Bu Tiwi ora nyambut gawe lan kekaro anake prei anggone sekolah. Ranti anak ragil njaluk diterke dolan ono ing Gembira Loka. Bu Tiwi sumringah krungu panjaluke Ranti amarga yen deweke sek njaluk ora bakal dituruti dening Pak Kijan. Pak Kijan ora bisa nolak panjaluke anak wadon kang ditresnani. Opo meneh Pak Kijan ndeleng yen anak lanange sumringah nalika adine ngejak dolan.

Pak Kijan sakeluwarga banjur gah-geh anggone sarapan. Sakwise sarapan banjur pada cepak - cepak lan numpak mobil kang uwes disiapke dening Pak Kijan. Wektu kang dibutuhake supaya tekan Gembira Loka kurang luweh rong jam. Ananging Pak Kijan ora ngerti dalan seko omah tekan Gembira Loka. Pak Kijan banjur ndawuhi Bu Tiwi supaya mbukak Google Maps. Sakjanne Bu Tiwi kui isih gaptek ananging Bu Tiwi ora ngaku lan sok tau. 
Ing dalan Bu Tiwi ngoceh terus nerangke dalan kang dilewati. "Pak iki dalan Wakhid Hasyim, nek iki dalan Diponegoro, nah nek iki dalan Ahmad Dahlan" kandha Bu Tiwi. Pak Kijan ora nyemauri nanging gor manthuk-manthuk. "Pak iki lurus banjur menggok tengen, engko nalika ana lampu kang warnane abang, ijo, lan kuning menggok kiwa" Kandha Bu Tiwi meneh. "Nggeh bu" semaure Pak Kijan. "Pak alon-alon wae kae ono polisi neng tengah dalan, Pak iki lho kang diarani mall, nek iki gramedia. Gramedia iku toko kang dodolan buku. Ngertos mboten jenengan, Pak!". Pak Kijan namung menehi eseman dening Bu Tiwi. 

"Pak dikelongi kae lampune wes arep abang, abang iku tegese mandek. Yen ijo iku tegese mlaku. Benten meleh yen kuning, kuning iku cepak-cepak mandek, Pak". "Nggeh, Bu" semaure Pak Kijan. "Lho Buk iki dalan kang wes daklewati mau to?" pitakonane Pak Kijan. "Mboten, Pak. Benten niki wong kula manut Google." semaure Bu Tiwi mboten gelem kalah. "Kui dideleng gramedia kang tok terangke kalawau" atur Pak Kijan. "Weh iyo, Pak! Iki sek salah Google". 

"Pundi, Bu. Cobi kula deleng Google Mapse" kandha Banu anak lanang. "Walah bu bu. Iki kuwalik anggone njenengan pirsa. Iki saiki menggok tengen dede menggok kiwa" kandha Banu. "Iyo po? Kula wau wes bener to Pak anggone matur jenengan? Jenengan kok saget menggok kiwa" semaure Bu Tiwi. "Owalah, Bu. Kula wau nggeh namung nderek jenengan, Bu!" semaure Pak Kijan. "Wes to Pak, ngaku wae". "Saksenengmu, Bu!" semaure Pak Kijan kang wes mangkel. 
Ora kerasa jebul uwes telung jam Pak Kijan anggone numpak mobil lan lagi arep ketuk Gembira Loka. Jalaran muter-muter nyebabake suwe anggone ketuk. Sakwise ketuk Gembira Loka banjur Pak Kijan golek loket kang dodol tiket mlebu. Pak Kijan arep takon dening tukang parkir anggone dodol tiket ing sisih pundi nanging dindek kaliyan Bu Tiwi. Bu Tiwi ngendika yen loket ana ing sisih kiwa. Banjur Pak Kijan, Ranti, lan Banu ngetutke anggone Bu Tiwi mlaku. Sakwise mlebu Gembira Loka Bu Tiwi mbacutke anggone ngoceh. Nanging saiki ngoceh marang anake. "Kui lho kang arane munyuk, munyuk iku seko Kalimantan, Kalimantan iku pulau kang paling gedhe ten Indonesia. Nek iku arane jerapah kang nduwe gulu kaya ula" kandha Bu Tiwi. "Nek niku gajah nggeh, Bu? Kang nduwe gading. Gading niku langka lho, Bu. Mboten wonten gading kang boten retak." semaure Banu dening ibune. "Ibu yo wes reti, Le!". Bu Tiwi rumangsa mangkel amarga dikandhani anake apa kang wes deweke ngerti. 

Pungkasan Pak Kijan sakeluwarga ningali badak banjur metu saka Gembira Loka. Ranti lan Banu seneng banget isa ndeleng maneka warna ing Gembira Loka mula Pak Kijan ngerasa lega. Benten dening Bu Tiwi, Bu Tiwi isih ngerasa mangkel dening anake. Nanging mboten wonten kang ngertos dening Bu Tiwi yen lagi mangkel. 
Sakwise tekan omah, Pak Kijan ndawuhi Bu Tiwi supaya masak amarga uwes padha ngeleh. "Bu, gek masak nggeh" dhawuhe Pak Kijan. "Jenengan purun mboten kula masake jangan asem lan tongkol goreng?" pitakonne Bu Tiwi. "Nggeh purun, Bu. Mboten kesupen lho bu ngagem sambel terasi" semaure Pak Kijan. "Bu, aseme sekedik mawon lan ngagem jagung supaya mantep!"

Saiki genten Pak Kijan sek ngoceh dening Bu Tiwi." Bu kui bumbune kurang kunire isih kuning durung oren" kandha Pak Kijan malih. "Bu kui gek diudhak ndak gosong. Banyune seliter wae aja okeh-okeh, kui wortele le ngiris kok le gedhe-gedhe atos mengko, bayeme mengko le nglebokke ndak lodrok, aja kakehan uyah lho, Bu!" ature Pak Kijan. 
Atine Bu Tiwi nyelot suwe mangkel angrungoke dhawuhipun Pak Kijan. Ananging Bu Tiwi tasih ngampet anggone mangkel lan mung nyemauri Pak Kijan nggah-nggih. "Bu mengko minyake dipanasi disik lagi tongkole dilebokke, aja lali dibumbuni sek mantep, aja nganti gosong lho bu, sakwise tongkole dilebokke gah-geh di walik" kandhane Pak Kijan. "Nggih, Pak!" semaure Bu Tiwi. "Owalah, Bu iki kok tongkole uwes ora seger. Ora jenengan lebokke nang kulkas po Bu? Pripun to bu jenengan niku." ngendhikane Pak Kijan kang ngampet ngguyu. 

Ora let suwe Banu teka ing pawon lan ndeleng anggone Bu Tiwi masak. "Bu niku kang arane tongkol. Tongkol iku iwak saka nirwana. Kucing seneng banget nek dipakani tongkol" kandha Banu marang Bu Tiwi. "Bu, le nggoreng niku ngagem wajan. Wajan iku isa ditumbas ing peken" kandhane Pak Kijan. Bu Tiwi uwes mangkel banget dening Pak Kijan lan anak lanange nanging muk isa mbrengut. Pak Kijan lan Banu pada-pada ndeleng lan ngampet ngguyu amarga ningali Bu Tiwi kang mbrengut. Saktenane Pak Kijan mesake dening garwane ananging Pak Kijan tasih mangkel amarga neng ndalan mau. 

"Bu, mangane uwes siap dereng? Kula sampun ngeleh sanget" kandha Ranti anak wadon. "Sikik ya nduk, iki lho Bapakmu lan kakangmu anggiduhi dadi suwe anggonku masak" semaure Bu Tiwi. "Aku mung ngandhani jenengan kok, Bu. Iki neng internet muni kaya ngene" kandha Pak Kijan. "Kula nggih namung nderek Bapak lho, Bu" kandha Banu. "Kula nggih sampun ngertos, Pak. Jenengan mboten sah nerangke" kandha Bu Tiwi kang nganggo nesu. Banjur Pak Kijan lan Banu pada ngguyu sora banget amargi ora isa ngampet meneh. Pak Kijan nerangke yen mau iku kangge menehi piwulangan dening Bu Tiwi nalika ing dalan aja kakehan ngoceh lan anggiduhi.


Eits.. Maaf jika banyak kesalahan kata Jangan lupa comments and share ya guys:)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar